Kamis, 08 Mei 2014

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Diposting oleh Unknown di 00.38

“Pasinaon Budaya Jawi Kangge Mujudaken Budi Pekerti Ingkang Luhur”.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
         Innalhamdalillah, wasyukurillah walahaula walaquwwata illa billah, asyhaduanla illa haillallah waasyhaduanna muhammadan abdu warosuluhu la nabbiya ba’dah. Allahumma sholli ‘alamuhammad wa’ ala alihi washobihi ajma’in, amma ba’du.
Dumateng ngarsanipun dewan juri ingkang kula hormati
Saha dumateng sedaya rencang ingkang suka ing penggalih
        Alhamdulillahirobbil ‘alamin, puja puji syukur monggo sareng sareng konjukaken dumateng ngarso dalem Gusti Allah Swt ingkang ing ari kalenggahan enjang punika tansah paring mapinten pinten kanikmatan dumateng kula lan panjenengan sedaya, sahingga kula lan panjenengan sedaya saget nyawiji wonten ing Kelas XII IPA 3 wonten ing acara lomba sesorah basa jawi. Mugi kabagaswarasan, kasantosan, tansah kajiwa lan kasarira dumateng kula lan panjenengan sedaya.
            Sholawat sarto salam mugi tansah katetepaken dumateng panutan kito, kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambahipun dumateng kaluargo, shahabat, lan pendereipun, mugi lumeberno dumateng kulo lan panjenengan sedoyo. Mugi wonten ing yaumul qiyamah pikantuk safa’atipun. Allahumma Amin.
           Keparenga kula ing mriki badhe ngaturaken sesorah basa jawi kanthi irah-irahan “Pasinaon Budaya Jawi Kangge Mujudaken Budi Pekerti Ingkang Luhur”.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. .
Sampun kita mangertosi sedaya bilih ing zaman menika sampun sami kathah ingkang kicalan kabudayan ingkang adi luhung. Saha kirang dipun mangertosi dening sederek kita langkung-langkung para muda. Ingkang sahingga perlu wontenipun ewah-ewahan babagan paugeran utawi pranatan (kurikulum) pasinaon ing pamulangan luhur (sekolahan). Ingkang supados ngemot ucalan budi pekerti kagem para siswa.

        Kanthi wontenipun wucalan budi pekerti saha kabudayan jawi saget pinangka kagem dasar ndidik para siswa saget mangertosi pranatan saha kabudayan kanthi pangajab saget nbemtuk kapribaden ingkang luhur. Linangkung ing zaman sak menika winastanan zaman globalisasi. Ingkang sinten kemawon saget pados seserepan kanthi gampil saha sekeca linantaran teknologi ingkang langkung canggih, ing antawisipun internet, televisi, saha jejaring sosial kados dene facebook lan twitter.
Langkung-langkung pangartosan manca negari ingkang kading kala mboten jumbuh kalian pranatan basa jawi saha kabudayaan jawi ingkang kepara saget ngrisak kaliyan pranatan saha wucalan basa jawi. Punapa malih kajumbuhaken kaliyan wucalan-wucalan agami ingkang sampun sami nalisir saking ingkang dipun tuladhakaken dening kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Kanthi wontenipun pendidikan budi pekerti saha wucalan agami kanthi pangajab saget ndandosi para generasi muda. Saget unggul ing babagan IMTAQ saha IPTEK.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan. .
         Mekaten sesorah ingkang saget kula aturaken, mugi-mugi ndadosaken tambahing seserepan dumateng kula lan panjenengan sedaya. Matur Nuwun.
Minggu-minggu menyang Cianjur
Numpak sepur karo Mbah Asemo
Cekap semanten anggen kula matur
Wonten lepat nyuwun agungingsih pangaksomo
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.
 

Una's Blog Copyright © 2011 Designed by Ipietoon Blogger Template Sponsored by web hosting